Kamis, 17 Februari 2011

Terusane Wingi

Bubar ngasaran Sugeng langsung lungguh nang ruang sing tak jenengne ruang tamu. Nanging sak jane ora pati pantes yen dijenengne ruang tamu, amarga ruang iku mung ana lincak e loro karo meja sing tak gawe saka pring terus tak wenehi wilahan kanggo ngganti blabag, pancene ya ora nduwe blabag. Ambane ruang iku ya mung rong meter persegi, trus jogane ya isih lemah asli alias durung di plester apa maneh di tekel utawa di keramik, babar blas ora kenal.
“Ya ngene iki istanaku Geng, aja nggumun lho ya,” selorohku.
“ Ah biasa ae Tin, wong omahku ndhisik ya kaya ngene iki, masak awakmu ya wis lali. Omah gedhek tur wis di pangan rayap pisan, jogane ya lemah ngene iki.”
“ Tapi iku kan ndhisik Geng, saiki omahmu nang Kalimantan kan ya kaya omahe pejabat ta? Omah tingkat magrong- magrong, gedhe banget, ana tamane sing asri terus ana garasi ne mobil lan liya –liyane, ya ta?”
“ Nggak Tin, biasa wae omahku, nggak kaya sing koq bayangne, temenan gak goroh aku. Kapan-kapan yen awakmu nduwe wektu tak jak nang Kalimantan bene nggenah tenan keadaanku nang kana. Aku janji temenan, awakmu tak jupuk tak jak dolan nang kana.”
“ Wadhuh, ngrepotne awakmu wae Geng, trus sing arep nggarap sawahe Pak Dhe Kerta wae ya sapa yen tak tinggal dolan nang Kalimantan. Kok kaya wong wis sugih dhuwit wae ta Geng. Wegah Geng aku. Aku tak nang omah wae.”
“Ya sapa ngerti yen awakmu mbesuk wis longgar, bocah –bocah wis padha gedhe tur wis cekel gawe ngono, awakmu kan ya wis rada entheng ta? Banjur awakmu isa dolan nang omahku, Kalimantan. Ya idhep- idhep ngumbah mata ngono lho Tin.”
“ Ya wis, muga-muga kelakon. Trus saiki nerusake sing mau awan kae. Jujur, aku tertarik karo sing kok ujarne mau. Aku pancen seneng ngrungokake omongan sing nyrempet karo pituduhe urip ngono iku. Ya sithik akeh bene ngerti lah paugerane wong urip iki piye, amrih aku ora gampang sengkeg nglakoni urip sing kaya ngene iki. Atiku bene ayem, pikiranku bene tentrem, lan manuk ku ya bene merem, ora ndengongak-ndengongok ae.”
“ Awakmu iki kok ya seneng guyon ta Tin…..Tin.”
“ Lha wis suwi ora tau ngguyu babar blas, isine mung mrengut ae. Luwih-luwih yen nyawang keadaanku kaya ngene iki, wis…wis…kudu misuh thok.”
“Ah ya aja ngono ta. Yen awakmu seneng misuh, kuwi ngko malah nambahi budreg e pikir. Ora ngudari reribet nanging malah nambahi masalah. Tur, yen dirungokne liyan ya malah nggilani, apa maneh yen sampek krungu bocah-bocahmu terus di terokne, apa ora bahaya hayo….!”
“ Iya, pancen. Mulakna aku wurukana sing kaya kok ujarne awan mau. Ben e ngerti aku.”
“ Ngene, sak jane awakmu karo aku iki padha. Manungsa kabeh sing ana ndonya iku ya padha ana ngarsane Gusti Allah. Sing mbedakne mung siji, yaiku laku. Kelakuane manungsa siji lan sijine iku sing beda ana ngarsane Gusti. Iki lho bukti adile Gusti Allah. Sing apik lakune ya diwenehi urip, sing ala lakune ya diwenehi urip. Lan Kabeh manungsa mbesuke ya diwenehi pati, maksudku kabeh ya padha mati. Sing sugih, nggatheng, terkenal, pinter ya bakal mati. Sing ala rupane, bodho, mlarat ya mesti bali marang ayunane Gusti. Adil ta iki? Gusti allah ora mbedak-mbedakne umate. Apa ana ta manungsa sing bisa urip selawase? Ora ana. Wong para Nabi, Wali lan Aulia sing kinasihe Gusti wae ya ditimbali bali kok. Piye hayo...!
“ Yen, Gusti Allah iku adil, ngapa aku kok ora diwenehi rejeki sing uakeh kaya Pak Dhe Kerta sing sugih kae?” tanyaku sekenanya.
“ Tin, tak ambali maneh ya, manungsa iku siji lan sijine ora ana sing padha. Rupane, dedege, pintere lan liya-liyane ora ana sing padha jibles. Ananging, ewasemana  kabeh mau padha wae ana ngarsane Gusti. Bah elek rupane, pincang, kere, nggatheng, sugih lan liya-liyane, kabeh padha. Sing mbedakne, kaya sing wis tak aturne mau, yaiku mung laku. Wis, jlentreh…”
“ Sik bingung aku, awakmu mu mau ngomong yen manungsa iku padha ana ngarsane Gusti, ananging nyatane beda-beda. Ana sing nggatheng kaya aku, ana sing huelek pol, ana sing mlarat…trus koq dianggep padha iku piye nalare?”
“ Ya, rokok an sik ben rada padhang pikire, ayo Tin ngudut dhisik. Gak usah spaneng, engko mundhak mumet malah blaen.”
Sugeng  mengambil sebatang rokok terus dinyalakan. Sambil tersenyum ia isap dalam-dalam rokok nya. Mungkin ia berpikir, ngomong sama orang bodoh itu sulit sekali. Sudah dijelaskan sebegitu jelas, juga belum mengerti. Tapi ia tetap tersenyum. Sabar betul orang ini. Aku kagum padanya.
“ Sik, tak gawekne kopi dhisik ya bene gayeng.”
“Ah, gak usah repot, ngene ae diterusne, engko selak maghrib lho. Bubar maghrib lak ya tahlilan nang nggone suwargi Pak Dhe Suta.”
“ Gak sida ngopi tah iki. Wadhuh, dayoh adoh mung disuguhi anggur.”
“ Gak pa-pa, santai wae,” ucap Sugeng pendek.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar