Minggu, 13 Februari 2011

Cinta Yang Sebenar-benarnya...

Suatu hari aku bertemu dengan sahabat karibku sewaktu kami berdua masih duduk dibangku Sekolah Dasar. Aku sempat tidak percaya dengan penglihatanku. Dengan usia yang bisa dikatakan cukup berumur karena dia seumuran denganku, kira-kira sekitar 46 tahun, dia masih kelihatan sangat muda, seakan-akan ia masih berumur 30-an. Dengan blue jins dan kaos oblong warna sepadan dengan celana nya, serta sandal jepit merk kasogi, kelihatan pas banget kayak ABG saja. Dia tersenyum padaku dan menyapa serta menepuk pundakku tanda persahabatan yang tak pernah berakhir. " He.. piye kabare? Awakmu saiki nangdi?" sapanya. Aku tertegun, bingung, trus berpikir dalam hati, gek sapa iki, rumangsaku aku ra kenal, koq dia sepertinya udah kenal banget sama aku. Kemudian dengan agak basa-basi kujawab sapaannya sekenanya. " eh anu, apik mas, aku pancet nang samben mas, jawabku sekenanya, tapi fikiranku terus  berputar, sapa sih sak jane wong iki, tapi kelihatannya aku sudah kenal, tapi sapa ya..." Awakmu wis duwe anak pira Tin," tanyanya lagi. Lho koq njangkar, kurang ajar. Sapa sih jane? " Eh, aku wis duwe anak loro lho mas, sing mbarep wedok, trus sing nomer loro lanang sih SD kelas papat. Lek sampeyan piye mas, putrane wis pira?" tanyaku. Tin, awakmu kok kaya wong bingung ta, apa awakmu lali karo aku? Pancen ya wis suwe banget awake dhewe gak ketemu, sak wise lulus SD aku langsung lunga nang Kalimantan melu mbakyuku, trus ya sik saiki aku bali endang nyang Njawa. Ya wis lumrah yen awakmu wis ora ngenali aku maneh, pancen ya wis udakara telung puluh limoan tahun." Engko dhisik mas, terus terang aku pancen lali, sampeyan iki sak jane sapa? Kaya'e aku wis tau kenal karo sampeyan, tapi sapa ya?" tanyaku.
" Aku Sugeng, Tin, anake mbok Sur kae lho sisih kidul sekolahan. Omahe nang sor papringan sing ndhisik biasa nggo ngaso lek wayah panas, trus gawe layangan bareng bocah-bocah."
" Masya Allah......Sugeng??? Beh jian lali tenan aku. Beh ...beh...beh, awakmu kok sik enom temen ta Geng, gek jamune apa ta? Weleh...weleh nggarakne lali ae, gek pacakanmu ya kaya bocah enom ae, ngiri aku."
" Masak sih Tin, wong biasa ngene lho, awakmu koq aneh-aneh, wong aku ya ora nlungsungi kaya ula, kok dianggep isih enom, gek olehmu nyawang ki piye?"
" Diomongi kok nggak ngandel, awakmu jian sik ketara enom banget, kaya umur telungpuluhan, pama sir rabi cah SMA ngono sik pantes, he he he."
" Awakmu isa ae, lha umurku wae wis meh seket, padha karo awakmu, kok arep neka-neka. Anakku mbarep wae wis meh kuliah, wedok pisan, trus piye anggite."
" Guyon, ja ndadekke ati. Oh ya, trus putrane pira sampeyan? Endhang nang Njawa dhewekan pa karo ibuke bocah-bocah? Trus bojomu kuwi wong ngendi?" tanyaku nrocos.
" Anakku loro Tin, padha karo awakmu. Bojoku ya wong jawa asli, ketemu nang kana, adhik kelas pas kuliah nang Mulawarman. Lulus kuliah trus aku rabi. Aku nggak mikir penggawean dhisik, tapi rabi tak dhisikne, timbangane ngko terjadi sing nggak- nggak. Setahun aku mung nganggur, mangan turu, mara tua sing nyambutgawe. Sakwise ngono aku njajal mulang nang sekolah SMA nang Kutai, trus melu ujian CPNS ketampa, ya nganti saiki aku nang SMA Kutai. Bojoku ya guru, mulang nang SMP 1 Kutai."
" Wooooo, ngono ta? Mulakna awakmu awet nom, wong uripmu kepenak lan mulya banget, gek bojomu paling ya ayu banget, pinter, sugih...., beda karo aku Geng, wis penggaweanku buruh, ngono wae gek ana gek ora, kaya wong pasa senen kemis, bojoku ya mung buruh penggaweane kaya aku. Dadi ekonomiku ya pas-pasen banget, gek biaya sekolah ya larang eram saiki, dadi ya ngene iki aku, cepet ketara tuwek, rambut ya wis putih mergane pikiran panas terus."
"Tin, awakmu gak perlu susah," ucapnya. " Kowe kudune matur nuwun marang Sing Kuasa. Nyapa? Mergane awakmu wis diwenehi kesempatan urip nang ndonya iki. Lek awakmu rumangsa kangelan urip amarga ekonomimu seret, trus ora eling marang sing nggawe urip, kuwi ora pener. Sugih miskin kuwi sak jane padha, padha tenan. Sugih kuwi ya ujian, mlarat ya ujian. Kaya pas awake dhewe sekolah kae lho, sing pinter ya di uji karo guru, sing bodho ya di uji. Guru nggak mbedak- bedakne muride. Bedane lek murid bodho trus nakal biasane ora disenengi guru, nanging lek murid sing pinter trus manut, kuwi disayangi karo guru. Ananging guru ya ora tau mbedak-bedakne muride, kabeh ya di wulang, ora mung sing pinter thok sing di paringi pawulangan, sing bodho ya di wulang kanti sabar. Lak iya ta?
"Iya, terus maknane apa kuwi Geng?"
" Ngene, tak jelasne ya. Mau tak jlentrehne lek urip kuwi kaya bocah sekolah sing ngangsu kawruh nang sekolahan, jelase ngene, murid kuwi lek pinter terus manut, kelakuane apik, prasaja, seneng tulung karo kanca- kancane, ora sombong dupeh pinter, semanak, grapyak kara sapa wae, mesti akeh sing seneng, ora mung guru ne wae ananging kanca- kancane kabeh ya seneng, semono uga urip iki, yen ana wong sing sugih terus wong kuwi mau ora rumangsa sugih, ora sombong, grapyak semanak karo sapadha- padha, seneng tulung karo sapa wae, ya mestine Gusti allah seneng, tangga teparone ya seneng.
" Lha lek wong mlarat kaya aku ngene iki terus piye, ibarate bocah sekolah ngono aku iki ora kangge babar blas, amarga aku bodho."
" Ora ngono. Tak terus ne ya. Iku mau bocah pinter sing ora keminter, ora sombong lan sak panunggalane. Ananging yen pinter terus sombong, keminter, kemlelet, ngenyekan, angkuh mestine kabeh ya ora seneng. Bapak ibu gurune ya ora seneng, kanca-kancane ya gething, lak ya ta? Padha wae karo wong sing sugih bandha donya ananging sombong, angkuh, semugih, siya marang wong ra nduwe lan sak panunggalane, sapa sing seneng, hayo? Gusti sing Kuasa ya ra seneng....to be continued, bene penasaran...biar curious...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar